oke

Sunday 25 September 2016

Cara memilih joran nggo Uncal

Cara memilih joran nggo Uncal

 

oleh mancing mania jogyakarta
Aku pengin sharing piye carane milih joran nggo uncal karo dulur dulur MMJ. Miturut ku nek arep uncal iku amrih e ngerti jenis jenis joran/walesan. Nek dulur dulur arep milih joran nggo uncal, ono pirang-pirang perkoro sing kudu di gatek ake. Koyoto : spot iku iso wae no tengah laut, pinggir laut ( karang/tebing opo pasir tergantung tipe pantaine), kali/kolam opo danau. Keno opo kudu dibedake ? opo nek joran nggo kali/kolam ora iso dinggo no laut ??
1. Ngerteni spot iku super penting lur. Sing paling penting malahan nek miturutku. Dadi nek misale spot e no kolam opo kali ora perlu nganggo joran koyo sing dinggo
no pantai pasiran opo karangan sing dawane antara 3,5 meter tekan 5 meter. Dadi nek misale uncal no kali opo kolam cukup nganggo joran sing dawane mulai soko 150 cm tekan 210 cm.
2. Bahan dinggo joran juga macem macem mulai soko kayu pring, fiber, karo carbon komposit lan grapit. Bahan soko Fiber opo lengkape ki Fiberglass nduweni keunggulan kuat, lentur, ora gampang ceklek ningggggggggg kekurangane ming 1 lur yoiku abot. Bahan soko Karbon nduweni sifat kuat, getas lan enteng. Bahan soko Grapit nduweni sifat kuat, ora gampang ceklek, elasting ningggggggggg bahan iki penghatar listrik. Dadi nek dulur dulur uncal nganggo walesan iki, nek udan opo pas bledeg ojo dinggo yo lurrr.
3. Poin nomer 2 iku mau bahan dasar joran Lur, sak iki jamane wis maju mulo pabrik sing gawe joran mulai nyampur bahan bahan iku mau misale karbon karo grapit. Sifat dasar e wis ono no nomer 2 , bahan campuran iki nduweni sifat lumayan kuat lan lentur. Kelemahane nek joran iku mau overload ( kelebihan beban maksimal ) iso langsung ceklek dadi 2. Ciloko mencit.Karbon komposit dicampur graphit paling joss nek dinggo gawe joran lur. Akeh joran super super larang digawe soko bahan iki. Kelemahane iku mau penghantar listrik. Kelebihan e jelas joran super kuat, lentur, tahan korosi lan enteng banget lur.Fiberglass ugo sering disebut E-glas. Bahan iki lumayan kuat, lentur mungkin luwih apik dibandingke karbon karo grapit. Produsen joran sing wis ngembange produk campuran iki yoiku joran daiwa karo penn internasional.Sing paling apik iku campuran e-glas + karbon komposit. Kelebihan campuran iki yoiku : joran awet, kuat, enteng lan lentur lur ninggggg kelemahane no dompet lur alias LUARANGGGG regane wkwkwkwkwk pait ra nek ngunu kui.
 4. Dadi nek wis ngerti bahan sak iki kari milih dawane joran. Dawane joran ugo macem macem koyo sing wis disebutna. Dadi nek misale uncal no kolam, kali opo air tawar sesuaikan karo dawane joran, biasane mulai soko 150 cm tekan 210 cm. Untuk kelenturan iku tergangung kesenengan + isi dompet qiqiqiiqiq. Nek misale uncal pasiran opo karangan dibutuhke joran sing dowo. Misale 3,5 meter tekan 5 meter. Semakin dowo joran semakin isa uncale soyo adoh.

salam plung nyottt tips lainya klik disini

No comments:

Post a Comment